Jumat, 08 Juni 2018

BAB 4 SENI PERTUNJUKAN JAWA


SENI PERTUNJUKAN JAWA



1.        Pangertene Wacana Eksposisi
Wacana eksposisi yaiku salah sawijining wacana sing bisa mbudidaya ngandharake pokok pikiran sing tujuane njembarake wawasan utawa pangerten sing maca. Wacana eksposisi adate digunakake kanggo mbabar kaweruh utawa ilmu, definisi, pangerten, cak-cakan sawijining kegiatan, metode, cara, lan proses dumadi sawijining kakadeyan utawa bab.
2.        Ciri-ciri Wacana Eksposisi
Wacana eksposisi duweni ciri kaya ing ngisor iki:
a.     Arupa wacan informasi.
b.    Ana gambar, grafik, karo tabel sing magepokan karo isi wacan.
c.     Wasananing wacan ana penjelasan.
3.        Jenis Wacan eksposisi

Jenis wacana eksposisi kabagi dadi telu yaiku:
  1. Wacan sing nuduhake proses.
  2. Wacan sing nuduhake tuladha.
  3. Wacan sing nuduhake sebab akibat.
4.        Carane Nulis Wacana Eksposisi
  1. Nemtokake underane (tema) perkara.
  2. Nemtokake tujuwan.
  3. Ngumpulake data saka maneka sumber.
  4. Nyusun cengkorongan (kerangka) sing cocok karo underan sing dipilih.
  5. Ngrembakakake (ngembangake) cengkorongan dadi paragraf eksposisi.
5.        Jenis Paragraf  Eksposisi
a.     Eksposisi Definisi
b.    Eksposisi Klasifikasi
c.     Eksposisi Ilustrasi
d.    Eksposisi Perbandingan
e.     Eksposisi Laporan
6.        Tuladhane Wacana Eksposisi

Pagelaran Jawi Wayang Wong


Wayang wong utawi Wayang uwong menika salah satunggalipun jenis teater tradhisional Jawa. Wayang Wong menika gabungan antawisipun seni drama ingkang ngrembaka ing negeri kilen (Eropa) kaliyan seni pagelaran wayang ingkang ngrembaka ing pulo Jawa. Lakon wayang ingkang dipungelar menika saking crita-crita wayang purwa. Wayang uwong utaminipun ngrembaka ing kraton lan golongan priyayi utawi bangsawan. Miturut nami wayang kasebut, wayang wong ugo boten dipagelarke dening boneka-boneka wayang, anamung manungsa-manungsa ingkang ngganteni boneka-boneka wayang kasebut. Wong kang mainake wayang iki ugo ngagem pakaian ingkang sami kalian hiasan-hiasan ingkang diagem wayang kulit. Pasuryan para pemain wayang wong iki ugo diubah lan dihias supados mirip kalian aslinipun.

Miturut dinas pariwisata Kotamadya Dati II Surakarta, wayang wong lair ing abad XVIII. Ingkang nyiptakaken inggih menika Mangkunegara I ingkang kadosipun dipunilhami saking seni drama ingkang ngrembaka ing negeri kilén. Wiwitanipun wayang wong dipungelar ing Surakarta, lajeng dipungelar ing Yogyakarta. Wekdal sasi April 1868, nalikanipun Mangkunegara IV ngawontenaken khitanan putranipun ingkang asma Prangwadana lan Mangkunegara V wayang wong dipunsempurnakaken utaminipun bab pakéan lan pirantinipun. Ing taun 1899, Pakubuwana X mbangun taman Sriwedari. Wonten ing peresmianipun ngawontenaken pagelaran kesenian. Salah setunggalipun inggih menika wayang wong. 

Wiwitanipun wayang wong menika seni tradhisional Jawa ingkang ekslusif, namung dipungelar ing keraton. Ing taun 1902 wonten wayang wong ingkang ngrembaka urip komersial, kanthi nyadé karcis. Wayang wong komersial ngrembaka lan puncakipun nalika wonten pakempalan "Ngesti Pandowo" ingkang dipunpandegani dening Sastrosabdo. Miturut Winter lan Sastramiruda, wayang wong menika wiwitanipun dipungelar ing abad XVIII (±1760 M.), ingkang dipunpandegani dening Mangkunegara I. Wekdal menika ingkang dipungelar namung lakon-lakon wayang purwa. Sasampunipun menika pagelaran wayang wong wiwit boten subur, ananging ten Yogyakarta taksih wonten pagelaran wayang wong ngantos taun 1881. Kanthi pambiyantunipun Mangkunegara V, wayang wong ngrembaka malih nanging taksih winates ing Yogyakarta lan Surakarta kemawon.


Pranyata kesenian wayang wong pikantuk sambutan ingkang saé saking masyarakat, lajeng tuwuh kathah pakempalan wayang wong. Wiwitanipun taksih amatir, dangunipun dados profesional. Pakempalan wayang wong ingkang moncér, kados Wayang Wong Sriwedari saking Surakarta lan Ngesti Pandawa saking Semarang. Wayang wong Sriwedari nggadhahi jasa ingkang ageng, inggih menika ndherék nglestarékaken budaya bangsa, kados seni wayang wong, seni tari, seni busana, lan seni karawitan. Wiwitanipun ageman para penari wayang wong taksih prasaja kemawon, boten bénten kaliyan ageman adat keraton ingkang dipunagem ing saben dintenipun. Nembé ing jaman Mangkunegara VI (1881-1896), penari wayang wong nganggé irah-irahan ingkang kadamel saking kulit ingkang dipuntatah kanthi saé. Wonten ing pagelaran wayang wong, sandiwara kang diselingi tetembangan jawa, dipagelarken lan diiringi gamelan. Tema carita wonen ing pagelaran wayang wong menika biasane ngandut saka cerita legenda utawi sejarah jawi. Ugo katah ingkang ngandut saking cerita Ramayana lan Mahabarata.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

BAB 5 AKSARA JAWA REKAN

Aksara rekan iku satemene aksara Jawa kang kareka amarga durung ana ing aksara Jawa. Aksara rekan gunane kanggo nulis tembung manca kang d...