CERITA RAKYAT
1.
Pangertene
Crita Rakyat
Crita rakyat yaiku crita kang ngrembaka ing sawijining
dhaerah lan dianggep minangka asil karya kolektif (bebarengan) karo masyarakat
ing papan iku. Crita rakyat ing tanah Jawa iki akeh wewujudane, ing antarane
legendha, dongeng, mite lan sapanunggalane. Tuladhane : Andhe-andhe Lumut, Nyai
Rara Jonggrang, Bandung Bandawasa, lan sapitirute. Manfaat kang bisa dijupuk saka ngrungokake crita rakyat iku yaiku ana
pengalaman kang becik saka nulat para tokoh-tokohe.
Ing dhaerahmu mesthi uga ana cerita rakyat kang wis
kumandhang. Sejatine ancas utawa tujuwane crita rakyat iku ura mung kaya crita
sanyatane, nanging ana pesen kang sinandi ing sajrone crita. Tuladhane : ana
crita babagan wit gedhe kang angker lan wingit, wos surasae crita iku ora
walaka babagan wit kang angker, nanging kepiye carane para leluhur biyen ben
wit-wit gedhe kuwi ora ditegor sasenenge dhewe utawa diregeti sakepenake dhewe.
Upamane maneh ana crita yen liwat prapatan kudu ngebel sebab akeh arwah
gentayangan sing mapan ana kono. Iku mengku werdi ora kaya sanyatane ana dhemit
kang nglambrang, nanging welinge supaya ngati-ati yen liwat prapatan, lan
sapanunggalane.
2.
Ciri-cirine
Crita Rakyat
a.
Anonim yaiku ora
diweruhi sapa sejatine sing nganggit.
b.
Minangka karya kolektif
yaiku dianggep duweke rakyat bareng-bareng
c.
Nyritakake bab ala lan
bener kanggo tuladha
d.
Nggambarake
kedadeyan-kedadeyan kang mokal anane (imajiner)
e.
Statis tegese tetep ora
ana owah-owahan sing wigati saka jaman menyang jaman
3.
Unsur-unsur
kang Mbangun Crita
Unsur-unsur kang mbangun cerita iku ana
loro yaiku:
a. Unsur
Instrinsik yaiku unsur-unsur kang mbangun cerita saka njero. Unsur-unsure
kayata:
1) tema
yaiku gagasan baku sing dadi underane perkara kang ana sajroning cerita.
Tuladha: kamanungsan, kasusilaan, kabudayan, pasrawungan lan sapanunggalane.
2) Paraga
yaiku sapa kang mbangun cerita utawa wong kang diceritakake. Paraga ana telu
yaiku paraga utama utawa pemeran utama sinebut protagonis. Paraga mungsuh utawa
paraga cengkah kang diarani antagonis. Paraga panyengkuyung utawa pambiyantu kang
diarani tritagonis.
3) Watak
yaiku tandha-tandha utawa sipat kang diduweni dening saben paraga ana ing
sajroning cerita. Tandha pisik: duwur,lemu, cendhek,lan sapanunggalane. Tanda
non pisik: galak, grapyak, sumeh, bodho, utawa pinter.
4) Latar/setting
yaiku bab kang ana sambung rapete karo papan, wektu, lan swasana kadadeyan
sajroning crita.
5) Alur/plot
yaiku urut-urutane kedadean sajroning cerita kasebut wiwitan nganti pungkasan.
Alur kaperang dadi telu yaiku: alur maju (progresif) yaiku alur sing nyritakake
kahanan saiki nganti sakteruse. Alur mundur (regresif) yaiku alur sing
nggambarake kahanan saiki diterusake nggambarake kahanan sing kepungkur. Alur
campuran yaiku alur maju lan mundur.
6) Amanat
yaiku pesen utawa piweling saka pangripta kang ana sajroning cerita katujokake
marang pamiyarsa utawa marang para pamaca.
7) Lelewaning
basa yaiku rerengganing basa kang digunakake sajroning cerita kasebut.
8) Pamawas/sudut
pandhang yaiku lungguhing pangripta utawa carane pangripta anggone nyritakake
cerita kasebut.
b. Unsur
ekstrinsik
Unsur ekstrinsik yaiku
unsur kang mbangun cerita saka sanjabaning cerita sing mangaribawani pangripta
anggone nulis cerita, kayata:
1) Agama
2) Ekonomi
3) Sosial
4) Budaya
5) Pendhidhikan
4.
Tuladha
Crita Rakyat
Tuladha 1
Keong Mas
Kira-kira wis setaun desa Dhadapan ngalami mangsa ketiga
kang dawa dadine larang pangan lan akeh lelara gawe uripe warga ketula-tula.
Ora beda mbok Randha Dhahapan, pawongan wadon tuwa sing
lola tanpa sedulur, kanggo nyambung uripe saben dinane dheweke luru krowodan ing alas kewan. Kewan kali
kang nyisa ing sawedhing mbebegan. Kahanan kaya mangono dheweke ora nggresula.
Malah saya nyaketake marang Gusti Kuasa. “Duh Gusti paringana pepajar ing desa
kula mugi-mugi inggal kalis saking prahara punika.”
Esuk-esuk mbok Randha menyang alas golek panganan. Nalika
lagi milang-miling ruh cahya cumlorot saka sak tengahing kali kanga sat. ing
batine tuwuh pitakon “Cahya apa kuwi, kok cumlorot kaya emas ?” banjur nyedaki
sumber cahya mau. Bareng dicedaki jebul sawijining keong Mas kang nyungsang ing
antara watu-watu kali. Keong banjur digawa mulih tekan ngomah dicemplungake
genthong.
Kaya biyasane, mbok Randha menyang alas nanging nganti
meh surup urung entuk krowodan dheweke banjur mulih ngelanthung ora entuk
opo-opo. Sakwise leyeh-leyeh ing emperan dheweke nyang pawon menawi ana
krowodan kang bias ganjel wetenge kang luwe. Dheweke kami tenggengen ngerti
panganan kang ing pawone. Batine kebak pitakon sopo sing ngeteri panganan kuwi.
Ing saben dina sak bacute saben mulih ko alas pawone wis cumepak panganan. Mula
kanthi sesideman dheweke ndedepi sapa kang mlebu ing pawone.
Mbok Randha kaget ora kinara. Saben ditinggal lunga Keong
Mas mau metu saka genthong malih dadi putri kang ayu. Mbok Randha banjur nakoni
sapa sejatine putri ayu kuwi.
“Nduk wong ayu sliramu iki sapa kok nganti
kedarang-darang ing alas lan jilmo Keong Mas ?”
“Yung aranku Candrakirana, aku iki garwane Raja Inukerta.
Raja ing Jenggala.”
“Lho kok nganti dadi Keong Mas lan tumeka alas Dhadapan
kuwi larah-larahe kepiye ?”
Dewi Candrakirana banjur njlentrehake menawa ing
sakwijining dina dicidra Raja Jin Sakti kang kareb ngepek garwa. Ananging
dheweke ora gelem nuruti karepe Jin. Jin muntab, Dewi Candrakirana sinebda dadi
Keong Mas banjur diguwang nyang kali, adoh saka kraton Jenggala. Wekasane ora
bisa ketemu karo garwane Inukerta. Anehing kahanan nalika kecemplungan Keong
Mas kaline dadi asat. Asate banyu jalari Keong Mas nyungsang ing watu nganti
nemahi tiwas. Bejane ditemu lan diopeni Mbok Randha Dhadapan.
Mula kuwi yen supaya aku ora konangan Raja Jin aku tak
ndelik neng kene anggepen aku anakmu dhewe lan wenehana aran Limaran. Lagi
saktengahing rerembugan, ana swara lanang di dhodog Mbok Randha banjur mbukakne
lawang. Dhayoh kang sandangane nuduhake punggawa kraton, crita menawa dheweke
diutus Raden Inukerta supaya njaluk banyu kang diwadahi bokor kencana.
Nampa kendhi pratala kang diwadahi bokor kencana, Raden
Inukerta sauwat kaget amargi kelingan ora ana liyane sing kagungan kendhi
pratala diwadahi bokor kencana kajaba Dewi Candrakirana. Raden Inukerta banjur
ngajak para punggawa bali nyang Dhadapan nemoni Limaran. Eeeba bungahe Raden
Inukerta ketemu Limaran kang sejatine garwane dewe Dewi Candrakirana kang wis
suwe ilang. Ketemune Raden Inukerta karo garwane dibarengi udan deres ing desa
Dhadapan. Tekane udan wise pageblug ing desa Dhadapan. Kali bali mili, tlaga
agung, desa dadi reja. Kabul panyuwune Mbok Randha Dhadapan.
Tuladha 2
Asal-usule Aksara Jawa
Aksara
Hanacaraka jenenge dijupuk saka urutan limang aksara wiwitan iki sing unine
"hana caraka". Urutan dhasar aksara Jawa nglegena iki cacahe ana
rongpuluh lan nglambangake kabeh fonem basa Jawa. Urutan aksara iki kaya
mengkene
ha na ca ra ka
da ta sa wa la
pa dha ja ya nya
ma ga ba tha
nga
Urutan
iki uga bisa diwaca dadi ukara-ukara: "Hana caraka" tegese "Ana
utusan"
"Data
sawala" tegese "Padha garejegan"
"Padha
jayanya" tegese "Padha digjayane"
"Maga
bathanga" tegese "Padha dadi bathang".
Urutan
ukara iki digawe miturut legendha yen aksara Jawa iku diasta dening Aji Saka
saka Tanah Hindhustan menyang Tanah Jawa.
Banjur Aji Saka ngarang urutan aksara kaya mengkene kanggo mengeti rong
panakawane sing setya nganti pati: Dora lan Sembada. Kalorone mati amerga ora bisa mbuktekake
dhawuhe sang ratu. Mula Aji Saka banjur
nyiptakake aksara Hanacaraka supaya bisa kanggo nulis layang.
Caritane kaya mengkene:
Kacarita
ing jaman mbiyen ana wong saka Tanah Hindhustan anom jenenge Aji Saka. Dheweke
putrane ratu, nanging kepengin dadi pandhita sing pinter. Kasenengane mulang
kawruh rupa-rupa.Dheweke banjur pengin lunga mencarake ngelmu kawruh ing Tanah
Jawa.
Banjur
anuju sawijining dina Aji Saka sida mangkat menyang Tanah Jawa, karo abdine
papat sing jenenge Duga, Prayoga, Dora lan Sambada. Bareng tekan ing Pulo
Majethi padha leren. Aji Saka banjur nilar abdine loro; Dora lan Sambada ing
pulo iku.
Dene
Aji Saka karo Duga lan Prayoga arep njajah Tanah Jawa dhisik. Dora lan Sambada diweling ora oleh lunga saka
kono. Saliyane iku abdi loro wau dipasrahi keris pusakane, didhawuhi ngreksa,
ora oleh dielungake marang sapa-sapa.
Aji
Saka banjur tindak karo abdine loro menyang ing Tanah Jawa.Njujug ing negara
Mendhang Kamolan.
Sing
jumeneng ratu ing kono ajejuluk Prabu Dewata Cengkar. Sang prabu iku senengane
dhahar daginge wong. Kawulane akeh sing padha wedi banjur padha ngalih menyang
negara liya. Patihe ngaran Kyai Tengger.
Kacarita
Aji Saka ana ing Mendhang Kamolan jumeneng guru, wong-wong padha mlebu dadi
siswane.
Para
siswane padha tresna marang Aji Saka amerga dheweke seneng tetulung.Nalika
semana Aji Saka mondhok neng omahe nyai randha Sengkeran dipek anak karo nyai
randha. Kyai patih karo nyai randha iya
wis dadi siswane Aji Saka.
Anuju
sawijining dina sang prabu Dewata Cengkar duka banget ora wong maneh sing bisa
didhahar. Aji Saka banjur saguh dicaosake sang nata dadi dhaharane. Sang nyai
randha lanpatih dadi kaget banget. Nanging Aji Saka celathu yen wong loro iku
ora usah kuwatir yen dheweke ora bakal mati.
Banjur
Aji Saka diaterake ngadhep prabu Dewata Cengkar. Prabu Dewata Cengkar ya
rumangsa eman lan kersa ngangkat Aji Saka dadi priyayi, nanging Aji Saka ora
gelem. Ana siji panyuwune, yaiku nyuwun lemah saiket jembare. Sing ngukur kudu
sang prabu dhewe. Sang prabu Dewata Cengkar iya banjur nglilani.
Nuli
wiwit ngukur lemah diasta dhewe.Ikete Aji Saka dijereng.Ikete tansah mulur bae,
dadi amba serta dawa. Iya dituti wae dening sang prabu. Nganti notog ing segara
kidul. Bareng wis meped ing pinggir segara, ikete dikebutake. Dewata Cengkar
katut mlesat kecemplung ing segara.Malih dadi baya putih, ngratoni saisining
segara kidul.
Wong-wong
ing Mendhang Kamolan padha bungah. Awit ratune sing diwedeni wis sirna.
Seka panyuwune wong akeh. Aji Saka ngganteni jumeneng ratu ana ing negara
Mendhang Kamolan ajejuluk Prabu Jaka, iya prabu Widayaka.Dene patihe isih
lestari kyai patih Tengger. Si Duga lan si Prayoga didadekake bupati, ngarane
tumenggung Duduga lan tumenggung Prayoga. Sang prabu Jaka, iya sang prabu
Widayaka nimbali si Dora lan si Sambada.
Kacarita
sang prabu Widayaka, pinuju miyos siniwaka. Diadhep kyai patih sarta para
bupati. Sang prabu kengetan abdine sing didhawuhi ngreksa pusaka keris ana ing
Pulo Majethi. Ndangu marang Duduga lan Prayoga kepriye wartane si Dora lan si
Sembada. Prayoga lan Duduga ora bisa mangsuli awit wis suwe ora krungu apa-apa.
Kacarita
si Dora lan si Sambada sing kari ana ing Pulo Majethi. Wong loro iku wis padha krungu pawarta manawa
gustine wis jumeneng ratu ana ring Mendhang Kamolan. Si Dora ngajak sowan nanging si Sambada ora
gelem awit wedi nerak wewalere gustine, ora pareng lunga-lunga seka pulo
Majethi, yen ora tinimbalan.
Nanging
si Dora nekad arep sowan dhewe.Si Sambada ditilapake.Banjur mangkat ijen wae.
Ana ing dalan si Dora kapethuk karo tumenggung Duduga lan Prayoga. Utusan loro
mau banjur diajak bali dening si Dora. Awit si Sambada dijak ora gelem.
Wong
telu banjur sowan ing ngarsane sang prabu. Sang Prabu ndangu si Sembada ana ing
ngendi lan diwangsuli yen dheweke ora gelem diajak. Mireng ature si Dora, sang
prabu duka banget, lali dhawuhe dhewe mbiyen. Banjur Dora, didhawuhi bali
menyang pulo Majethi lan nimbali si Sambada. Yen meksa ora gelem didhawuhi
dirampungi lan kerise dibalekake.
Dora
sanalika mangkat.Ing pulo Majethi ketemu karo Sembada.Kandha yen mentas sowan
gustine.Saiki diutus nimbali si Sambada. Pusaka keris didhawuhi nggawa. Nanging
si Sambada ora ngandel marang kandhane si Dora.Banjur padha padu rame. Suwe-suwe
padha kekerengan, dedreg ora ana sing kalah, awit padha digdayane. Wasana
banjur padha nganggo gaman keris padha genti nyuduk. Wekasan perange sampyuh.
Si Dora lan si Sambada padha mati kabeh.
Sang
Prabu ngarep-arep tekane si Dora. Wis sawetara suwene teka durung sowan-sowan
mangka didhawuhi enggal bali. Sang prabu nimbali tumenggung Duduga lan Prayoga.
Didhawuhi nusul si Dora menyang pulo Majethi.Sanalika banjur mangkat.
Bareng
Duduga lan Prayoga wis teka ing pulo mau, kaget banget dene si Dora lan si
Sambada ketemu wis padha mati kabeh. Tilase mentas padha kekerangan padha tatu
kena ing gaman. Pusaka keris sing dadi rereksan gumlethak ana ing sandhinge.
Pusaka banjur dijupuk arep diaturake marang gustine.
Duduga
lan Prayoga banjur bali sowan ing ngarsane gustine lan mratelake kahanane. Sang
Prabu Widayaka kaget banget mireng pawarane, awit pancen kaluputane dhewe wis
kesupen pandhawuhe. Banjur sang prabu nganggit aksara Jawa nglegena kanggo
mengeti abdine loro iku.
ki_demang.com