Kamis, 20 September 2018

BAB 2 TEKS NOVEL BAHASA JAWA


Novel yaiku salah sawijine karya fiksi gancaran utawa prosa. Novel wujude naratif utawa arupa crita. Wong kang nulis novel diarani novelis. Isine novel luwih dawa lan luwih jangkep menawa katandhingake karo cerkak, yaiku yaiku saora-orane dumadi saka 40 ewu tembung.
Titikane karangan novel yaiku :
1.      Nduweni alur kang kompleks. Ana maneka kedadeyan kang dicritakake, dene ing antarane kedadeyan siji lan liyane ana gandheng cenenge satemah crita novel dadi dawa, masalah kang dicritakake luwih jero lan jembar tebane.
2.      Tema jroning novel ora mung siji, ananging muncul tema-tema sampingan. Mula saka iku, novelis bisa ngembangake crita saka maneka masalah kang disajikake.
3.      Paraga ing crita novel cacahe bisa akeh. Jroning novel, pangripta kerep nyritakake lelakone pirang-pirang paraga kanthi jangkep lan wutuh.
Unsur novel kaperang dadi loro yaiku :
1.      Unsur Instrinsik
a.       Tema yaiku gagasan baku kanggo landhesan nganggit crita sing bisa dijupuk saka pengalaman, panaliten, gagasan utawa pengangen-angen.
b.      Alur yaiku lakuning crita saka awal nganti akhir. Jinise yaiku alur maju, alur mundur, alur anti klimaks, alur klimaks, lan alur kronologis.
c.       Watak paraga yaiku sipat utawa wewategane para paraga, tuladhane becik, welas, asih, julig, sregep, sabar, lan sapanunggalane.
d.      Latar yaiku katrangan papan, wektu, lan swasana kedadeyan
e.       Sudut pandang yaiku mapane pangripta jejer minangka paraga ing crita utawa mapan ana njabaning crita.
f.       Amanat yaiku isine crita sing bisa dijupuk lumrahe awujud piwulang.

2.      Unsur Ekstrinsik
Unsur iki ngemot biografi pangripta, wiwit saka latar belakang budaya, pendhidhikan lan pengalamane.

BAB 1 SERAT WEDHATAMA PUPUH POCUNG


Pupuh kang katelu Serat Wedhatama anggitane KGPAA Mangkunegara IV yaiku pupuh Pocung kang dumadi saka 15 pada. Kaya lumrahe tembang macapat, pupuh Pocung uga nduweni paugeran. Saiki coba gatekna tuladha tembang lan dudutane tembang ing ngisor iki!


Tuladha Tembang Macapat Pupuh Pocung
Dudutan Paugerane Tembang Pocung
Nora weruh rosing rasa kang rinuruh       12 u
Lumeketing angga                                     6 a
Anggere padha marsudi                             8 i
Kana-kene kahanane nora beda                12 a
1.   Guru gatra           = 4
2.   Guru wilangan    = 12, 6, 8, 12
3.   Guru lagu            = u, a, i, a

Guru gatra yaiku cacahe larik/baris saben sapada

Guru wilangan yaiku cacahe wanda saben sagatra
Guru lagu yaiku tibaning swara /dhong dhing ing pungkasaning gatra
Maknane tembang Pocung yaiku nggambarake mangsa nalika manungsa kang wis seda/mati bakale dadi layon banjur dipocong.
Watake tembang pocung yaiku sembrana parikena, sak karepe dhewe, sak kepenake dhewe, lucu, gawe seneng, mula biasane kanggo ngandarakake bab-bab kang ora serius, bisa kanggo gegojekan.
Sasmitane tembang Pocung yaiku pucung, pinucung lan kluwak.


No
Tembang A
Tembang B
1
Taman limut durgameng tyas kang weh limput
Kereming karamat
Karana karohaning sih
Sihing sukma ngreda sahardi gengira
Limut durgameng tyas kang weh limput
Kereming karamat
Karana karohaning sih
Sihing sukma ngreda sahardi gengira taman
2
Kang kedyeku kalebu wong ngaku-aku
Akale alangka
Elok jawane denmohi
Paksa ngangkah langkah met kawruh ing mekah
Kang kadyeku kalebu wong ngaku-aku
Langkah alangka
Elok jawane denmohi
Paksa ngangkah akale met kawruh ing mekah
3
Sakeh luputing angga tansah linimput
Narka ing sabda
Linimpet tan ana udani
Lumuh ala ardane ginawe gada
Sakeh luputing angga tansah linimput
Linimpet ing sabda
Narka tan ana udani
Lumuh ala ardane ginawe gada
4
Uger lugu den ta mrih pralebdeng kalu
Yen Kabul kabuki
Ing drajat kajating wus urip
Kaya kang winahyeng sekar srinata
Uger lugu den ta mrih pralebdeng kalbu
Yen Kabul kabuki
Ing drajat kajating urip
Kaya kang wus winahyeng sekar srinata
5
Batara gung inguger graning jajantung
Jenak hyang wisesa
Sana paseneten suci
Nora kaya si madha mudhar angkara
Batara gung inguger graning jajantung
Mudhar angkara
Sana paseneten suci
Nora kaya si mudha jenak hyang wisesa

Kegiatan 2       Nemtokake isi teks tembang macapat pupuh pocung ing serat wedhatama

Tembang iku dhapukan ukarane nganggo paugeran tartamtu lan basane rinengga. Kalebu ing Serat Wedhatama pupuh Pocung saengga kadhangkala angel dimangerteni maksude. Dene kanggo mangerteni isine kudu digancarake luwih dhisik. Sing diarani gancaran yaiku prosa (karangan bebas). Dadi nggancarake tembang ateges ngowahi tembang dadi prosa.
Ukara gancaran iku dhapukane kudu kaya ukara lumrah, yaiku ukara kanggo guneman padinan. Supaya gatra-gatrane tembang bisa dadi ukara lumrah lan ora wagu, menawa nggancarake tembang ngelingana pituduh-pituduh ing ngisor iki.
1.      Yen ana tembunge sing during kokmangerteni, tegesana kanthi cara nggoleki ana Bausastra Jawa (Kamus Bahasa Jawa).
2.      Supaya aja nganti dadi ukara gancaran sing wagu, kena mbuwang utawa ngimbuhi tembung-tembung sawetara, kalebu ater-ater lan panambang.
3.      Pada-padane, endi sing kudu titik, koma, titik koma, titik loro, pada pakon, pitakon, pambuka lan panutup, kudu miturut aturan panganggone pada ing ukara-ukara prosa.

Coba setitekna tembang Pocung sapada ing ngisor iki!
Tembang Pocung sapada lan tegese
Gancarane tembang
·         Lila lamun kelangan nora gegetun
(lila yen kelangan lan ora getun)
·         Trima yen kataman
(trima yen kena)
·         Sakserik sameng dumadi
(resa serik saka padha-padha uwong)
·         Trilegawa nalangsa srahing Batara
(legawa pasrah marang gusti)
Ikhlas menawa kelangan tanpa rasa getun, sabar menawa dilarani wong liya, legawa lan pasrah marang panguwasane Gusti.


KAWRUH SAPALA
Paramasastra (Tembung Rangkep)

Tembung rangkep utawa reduplikasi basa jawa cacahe ana telu, yaiku dwipurwa, dwilingga, lan dwisasana. Tembung rangkep kasebut bakal karembug ing ngisor iki.
A.    Dwipurwa
Dwipurwa iku tembung kang dumadi saka pangrangkepe purwane tembung lingga utawa pangrangkepe wanda kawitaning tembung. Tuladhane kaya ing ngisor iki.
Bungah      -           bubungah        -           bebungah
Lara           -           lalara                -           lelara
Gaman       -           gagaman          -           gegaman
Bendu       -           benbendu        -           bebendu
Resik         -           reresik
Tenger       -           tetengger

Tembung andhahan kang asale saka tembung lingga kaater-ateri A- (nasal) bisa didadekake dwipurwa. Tuladhane kaya ing ngisor iki.
Pangan      -           mangan            -           mamangan       -           memangan
Tukang      -           nukang            -           nunukang        -           nenukang
Suwun       -           nyuwun           -           nyunyuwun     -           nyenyuwun
Kemil        -           ngemil             -           ngengemil

Dwipurwa bisa ndhapuk tembung aran utawa tembung kriya lan duwe teges ‘nindakake sawijining bab kaya kang kasebut ing linggane tembung’. Bisa uga ngemu teges ‘ndadekake sawijining bab dadi kaya kang kasebut ing linggane tembung’.
Bungah      -           bebungah                     resik     -           reresik
Reged        -           rereged                                    suci      -           sesuci
Suker         -           sesuker                        takon   -           tetakon
Lara           -           lelara                            tuku     -           tetuku
Wadi         -           wewadi                       geni     -           gegeni
Tembung bungah, reged, suker, lara, lan wadi, kalebu tembung sifat, nanging bareng owah dadi bebungah, rereged, sesuker, lelara, lan wewadi, tembung iku malih dadi tembung aran. Tembung resik lan suci kalebu tembung sifat, tembung takon lan tuku kalebu tembung kriya, lan tembung geni kalebu tembung aran. Bareng dadi reresik, sesuci, tetakon, tetuku, lan gegeni, tembung iku kabeh owah dadi tembung kriya. Dwipurwa kang ndhapuk tembung kriya ngemu teges terus-terusan utawa intensitas.
Reresik ‘terus-terusan anggone resik-resik’
Sesuci ‘terus-terusan anggone suci (resik-resik) awak’
Tetakon ‘terus-terusan anggone takon’
Tetuku ‘terus-terusan anggone tuku’
Gegeni ‘terus-terusan wektune/suwene anggone ana ing ngarep geni’

Sarehe kalebu golongane tembung, dwipurwa bisa diwuwuhi imbuhan, nanging mung bisa kawuwuhi ater-ater lan panambang. Seselan –in lan –um ora bisa sumambung ing dwipurwa. Tuladhane kaya ing ngisor iki.
di-  +     tetangis    =    ditetangisi
di-  +     lelara        =    dilelara
A-    +     geguyu     =    nggeguyu
A-    +     dedawa    =    ndedawa
Tetenger    +    -an    =    tetengeran          gegayuh    +    (-in-)    =    ginegayuh
Geguyu     +    -an    =    geguyon             gegayuh    +    (-um-)  =    gumegayuh
Wewadi     +    -e      =    wewadine          sesuduk    +    (-in-)     =    sinesuduk
Sesumbar   +    -e      =    sesumbare          sesuduk    +    (-um-)   =    sumesuduk
Sesambat   +  (-in-)  =    sinesambat          sesambat  +    (-um-)   =    sumesumbat
Tetangi      +  (-in-)  =    tinetangis            tetangis    +    (-um-)   =    tumetangis
B.     Dwilingga
Dwilingga yaiku tembung lingga kang dirangkep. Pangrangkepe tembung lingga iki ana kang karangkep wutuh la nana kang karangkep mawa owah-owahan swara. Tembung lingga kang karangkep wutuh sinebut dwilingga lan kang karangkep mawa owah-owahan swara sinebut dwilingga salin swara.
Tuladha ing ngisor iki kang (a) kalebu dwilingga lan kang (b) kalebu dwilingga salin swara.
(a)    Takon  -           takon-takon
Gedhe -           gedhe-gedhe
(b)   Takon  -           tokan-takon
Gedhe -           gedha-gedhe
Ana tembung sing wujude memper tembung dwilingga lan dwilingga salin swara, nanging sejatine ora kagolong tembung dwilingga utawa dwilingga salin swara. Ing ngisor iki tuladhane.
(c)    Abang-abang                           (d)  ontang-anting
Ondhe-ondhe                                 gojag-gajeg
Arem-arem                                     grusa-grusu
Anting-anting                                 wora-wari
Alun-alun                                       wira-wiri

Tembung-tembung (c) lan (d) ing dhuwur ora kalebu tembung dwilingga sebab tembung-tembung kasebut ora bisa diluru utawa digoleki linggane, saumpama bisa digoleki linggane, surasane mesthi beda banget karo tembung dhapukan kasebut. Tembung abang-abang lambe, umpamane, ora ana gandheng cenenge karo tembung ‘abang kang ngandhakake warna’. Mengkono uga tembung ondhe-ondhe, arem-arem, anting-anting, lan alun-alun, ora ana gandheng cenenge karo tembung ondhe, arem, anting, lan alun. Sarehne ora bisa diluru linggane tembung kang kaya ing (c) lan (d) kasebut ana kang garani dwilingga semu.
Sarehne kalebu golongane tembung, dwilingga lan dwilingga salin swara bisa diwuwuhi imbuhan kang awujud ater-ater, seselan, utawa panambang.
Jamak        =          dijambak, njambak, kajambak
                              Jambakan, jambakke, jambakna
                              Jinambak-jambak
                              Jambak-jinambak
Baling        =          dibalang, mbalang, kabalang
                              Balangan, balangke, balangna
                              Binalang-balang
                              Baling-binalang
Gelar         =          digelar, nggelar, kagelar
                              Gelaran, gelarke, gelarna
                              Ginelar-gelar
                              Gelar-ginelar
Tembung dwilingga lan dwilingga salin swara duwe teges (a) akeh (pluralitas), (b) mbangetake surasa (penekanan), (c) sanajan (pengandaian), lan (d) tansah (kebiasaan).
1.      Bocah-bocah dolanan ing lapangan
2.      Kowe ora pareng bengok-bengok
3.      Gering-gering ning rak pinter
4.      Piye ta iki aku kok lola-lai wae
Tembung bocah-bocah ing ukara (1) ngemu teges ‘akeh’, bengok-bengok ing ukara (2) ngemu teges ‘mbangetake surasa’, gering-gering ing ukara (3) ngemu teges ‘sanajan’, lan lola-lali ing ukara (4) ngemu teges ‘tansah’.
C.     Dwisasana
Dwisasana iku tembung kang ngrangkep wanda wekasan utawa ngrangkep wasanane tembung. Tuladhane katon kaya ing ngisor iki.
Cingak       -           cingakngak      -           cingangak        -           cengingak
Cengis       -           cengisngis        -           cengingis
Cekak        -           cekakkak         -           cekakak
Dwisasana kagolong tembung rangkep semu awit antarane tembung dwisasana lan linggane surasane geseh adoh. Saupama ana tegese, dwiwasana ngandhakake bab kang ora gumatok utawa ora ajeg, nanging bisa uga ngemu teges ambal-ambal.

BAB 5 AKSARA JAWA REKAN

Aksara rekan iku satemene aksara Jawa kang kareka amarga durung ana ing aksara Jawa. Aksara rekan gunane kanggo nulis tembung manca kang d...