Samangsane pasamuwan
memangun marta martani
sinambi ing saben mongsa
kala-kalaning asepi
lelana teki-teki
gayuh geyonganing kayun
kayungyun eninging tyas
sanityasa pinrihatin
pungguh-panggah cegah dhahar lawan
nendra
Saben mendra saking wisma
Lelana laladan sepi
Ngingsep sepuhing sopana
Mrih pana pranaweng kapti
Tistising tyas marsudi
Mardawaning budya tulus
Mesu reh kasudarman
Neng tepining jalanidri
Sruning brata kataman wahyu dyatmika
(Wedhatama,Mangkunegara
IV)
“Ing pasrawungan bebrayan agung,kudu
bisa mangun sikep tepa slira. Rikala wektu kang longgar, lan nalika lelana
ngambara tapa brata, nggayuh kanugrahan, dumunung ing papan sepi, kudu
didhasari ati kang bening, ora duwe kekarepan ala, lan tansah njaga ati kanggo
prihatin kanthi nyuda mangan lan turu. Saben metu saka ngomah, tumuju ing papan
sepi adoh saka hawa nepsu, mersudi ngelmu luhur, supaya cetha kang dadi
gegayuhaning urip. Ati kudu duwe tekad tansah ngupadi kanthi tekun, marsudi
akal pikiran lan ngendhaleni rasa tresna asih, mapan ing tepining samodra
ngajab entuk kanugrahan saka Gusti.”
Kanggo ngadepi jaman kang wis owah jluntrunge iki,
wong Jawa kudu duwe lan nindakake watak kang utama, berbudi bawa leksana,
netepi pangandika, sarta dikantheni rasa ikhlas, lila legawa, nindakake
jumbuhing patrap lan pangucap.
Sejatine,
umpama manungsa iku panguripane tansah netepi lan nggunakake unggah-ungguh basa
utawa tata pranataning basa miturut lungguhing tata krama ing pangucape,
tartamtu bisa gawe urip guyup rukun, ora ana congkrah, lan pasulayan. Sikep manungsa
kang kalebu nggambarake paugeraning urip becik, yaiku kang bisa nuwuhake rasa
lan pangrasa sejatining urip, lan bisa nuduhake jati dhiri marang wong liya
jumbuh karo kalungguhane. Manungsa tansah mersudi lan tanggung jawab, urmat
marang wong liya, andhap asor.
Sikep
adigang, adigung, adiguna aja nganti tansah digatekake lan diugemi. Aja nganti
rumangsa luwih kuwat, luwih kuwasa, luwih pinter, kepara kudu sing bisa
rumangsa, lan aja rumangsa bisa. Giri lusi janma kena ingina.
Menawa
dirasakake, dadi wong aja nganti sakepenake dhewe, dupeh bisa ngomong banjur
ora mawas wektu lan panggonan, ora ngatekake karo sapa rembugan, kudu eling yen
ajining dhiri gumantung kedaling lathi. Malah kepara, sejatine unen-unen aja
dumeh iku bisa digandhengake karo bab apa wae. Aja dumeh sugih banjur sumugih,
aja dumeh pinter banjur keminter, dumeh kuwasa banjur kumalungkung. Nulad saka
pangerten sempalan tembang ing Serat Wedhatama yasan KGPAA Mangkunegara IV
kasebut, nyata lamun manungsa urip ing ngalam donyo iki kudu bisa njaga guyub
rukun lan katentreman ing bebrayan agung, tansah gawe seneng marang wong liya.
Mula tansah dadi pengeling-eling lan rasa syukur yen ing papan dununge awake
dhewe tansah urip rukun, ayem, tentrem karo tangga teparo.
Andharan
minangka tuladha saka sakehing kasusastran Jawa kang rinakit dening para
pujangga-pujangga agung ing tlatah Nuswantara, mligine ing tanah Jawa.
Kasusastran kasebut awujud tembang macapat Sinom. Mula ing wulangan iki putra
siswa bakal nyinau babagan tembang sinom. Kang bakal disinau yaiku babagan
pathokan tembang, watak tembang, makna tembang, lan pungkasane iso ngonceki wos
surasane tembang lan gawe tembang sinom kanthi tema tinamtu. Saliyane iku,
putra siswa uga dijaluk isa mangun rasa syukur marang Gusti lan ora gawe
kapitunaning bebrayan agung,
A.
TEMBANG SINOM
1.
Pangertene
Tembang Sinom
Sinom iku ateges anom, taruna, srinata, roning kamal,
pangrawit, weni, logondhang, lan sapiturute. Sinom duwe karep pucuke
godhong kang isih kecut. Anggitane Kanjeng Sunan Giri Kadaton. Iki cocok kanggo
pambuka crita nanging uga kudu nulad papan panggonan.
2.
Pathokan
tembang Sinom
SINOM
|
||
Guru
wilangan
|
Guru
lagu
|
Guru
gatra
|
8
|
a
|
9
|
8
|
i
|
|
8
|
a
|
|
8
|
i
|
|
7
|
i
|
|
8
|
u
|
|
7
|
a
|
|
8
|
i
|
|
12
|
a
|
3.
Watak
tembang Sinom
Watake tembang Sinom
iku tresna asih, canthas, trengginas. Cocok kanggo bab-bab kang sarwa lincah,
nggambarake sipat kang cukat trengginas, lan sapiturute.
4.
Makna
tembang Sinom
Sinom iku maksude enom. Tembang iki nggambarake wayah
enom, watake golek pangalembana utawa grapyak, luwes, gampang srawung. Pancen
nom-noman biyasane seneng sesambungan/kekancan, pinter ngomong utawa srawung
kang golek kanca/kadang lan narik kawigatene liyan. Nglambangake wayah isih
jejaka/prawan.
5.
Tuladha
tembang Sinom
5
|
6
|
6
|
6
|
6
|
6
|
6
|
6
|
||||
nu-
|
la-
|
dha
|
la-
|
ku-
|
u-
|
ta-
|
ma
|
||||
5
|
6
|
6
|
4
|
5
|
6
|
65
|
5
|
||||
tu-
|
mrap-
|
e
|
wong
|
ta-
|
nah
|
Ja-
|
wi
|
||||
5
|
6
|
6
|
6
|
5
|
3
|
3
|
21
|
||||
Wong
|
A-
|
gung
|
ing
|
Ngèk-
|
si-
|
gan-
|
da
|
||||
1
|
2
|
3
|
2
|
1
|
6
|
5
|
6
|
||||
Pa-
|
nêm-
|
bah-
|
an
|
Se-
|
na-
|
pa-
|
ti
|
||||
1
|
2
|
2
|
2
|
2
|
1
|
23
|
|||||
ka-
|
pa-
|
ti
|
a-
|
mar-
|
su-
|
di
|
|||||
1
|
1
|
1
|
2
|
1
|
6
|
1
|
2
|
||||
su-
|
da-
|
ning
|
ha-
|
wa
|
lan-
|
nêp-
|
su
|
||||
6
|
1
|
1
|
1
|
1
|
1
|
1
|
|||||
pi-
|
nê-
|
su
|
ta-
|
pa
|
bra-
|
ta
|
|||||
1
|
2
|
3
|
2
|
1
|
6
|
5
|
6
|
||||
ta-
|
na-
|
pi
|
ing
|
si-
|
yang
|
ra-
|
tri
|
||||
6
|
1
|
2
|
3
|
2
|
2
|
2
|
2
|
3
|
21
|
6
|
12
|
a-
|
mê-
|
ma-
|
ngun
|
kar-
|
ye-
|
nak
|
tyas-
|
ing
|
sa-
|
sa-
|
ma
|
6.
Wos
kang kamot ing tembang sinom (Wedhatama)
a. Serat
Wedhatama aweh pangalembana marang wong kang seneng ing sikep luruh (wus
sengsem reh ngasamun), asipat aweh pangapura lan sabar. Sajroning sepi, ati
kang wengis bisa sirna amarga tresna asih (karana karoban ing sih).
b. Serat
Wedhatama uga nengenake kadewasaning akal, pikiran,rasionalitas utawa
intelektual. Bab iku kawujud ing pamawase manungsa dene ngelmu iku kudu lumaku
kanthi nalar (logika) (ngelmu iku mupakate lan panemu) lan iku kabeh bisa
digayuh kanthi tapa prihatin (pasahe lan tapa).
c. Babagan
karakter lan prilaku kang becik (laku utama), Serat Wedhatama menehi tuladha
Panembahan Senopati. Piyambake temen-temen anggone meper hawa nepsu (kapati
amarsudi sudaning hawa lan nepsu) kang dilakoni kanthi tapa (pinesu tapa
brata). Piyambake ngupadi tansah gawe
seneng atining liyan lan ing saben pasamuan tansah gawe tentrem. Nalika
ngumbara ngupadi nugraha (kala kalaninga
sepi lelana teki-teki), nggayuh pangarep-arep (nggayuh geyonganing kayun), kang
kesengsem tentreming ati (kayungyun enining tyas), tansah nglakoni prihatin,
bisa ngendhaleni mangan lan turu (puguh panggah cegah dhahar lawan nendra).
Saben mendra saka kraton, piyambake ngumbara ing papan sepi supaya entuk ngelmu
kasampurnan lan cetha apa kang tinuju (lelana laladan sepi). Ancase supaya alus
budine (budya tulus) lan kabisan kang murwat (mesu reh kasudarman). Ing pinggir
samodra piyambake mahami kekuwatane samodra kang kaya-kaya bisa digegem.
d. Serat
Wedhatama ngajarake babagan telung nilai kang bisa ngangkat drajate manungsa,
yaiku pangkat, bandha, lan kapinteran. Yen manungsa ora duwe salah sijine, mula
ora ana gunane dadi manungsa, malah isih kajen godhong jati, tundhane dadi wong
kabur kanginan/ora duwe papan dunung.
e. Serat
Wedhatama ngajarake babagan telung perkara kang
dadi cagaking panguripan yaiku lila yen kelangan, sabar nalika entuk
pacoban, lan nrima ing pandum pasrah sumarah mring Gusti.
f. Serat
Wedhatama ngedohi sipat angkara murka yaiku nesu kang tanpa alesan nutupi kaluputane dhewe, milara mring liyan,
pengin dianggep pinter sanajan bodho lan tansah duwe pamrih.
Manungsa kang luhur
bebudene iku seneng ing papan sepi, reresik jiwa, nanging tansah nglakoni
kuwajibane, asipat ruruh lan gawe seneng atining liyan.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar