Minggu, 27 Mei 2018

BAB 2 CERITA WAYANG


A.           CERITA WAYANG
Wayang iku minangka budaya luhur tumrap bangsa Jawa, anane wiwit taun 939 nalika sri Jayabaya jumeneng Nata ing Kedhiri, kang yasa wayang Purwa saka Rontal, banjur katutugake Raden Panji ing Jenggala. Wayang iki sejatine mujudake gegambaran watak wantu, sarta solah bawane wong urip ing alam donya. Cerita wayang iku satemene mung ana rong epos yaiku Mahabarata lan Ramayana. Sing akeh dimangerteni lan kerep diparagakake jroning pentas pakeliran yaiku epos Mahabarata mligine thek kliwere Pandhawa lan Kurawa kang isih kapernah sedulur.
Wayang yaiku sawijining wujud seni pertunjukan kang awujud drama kang khas. Seni  kang kamot sajroning pertunjukan iki yaiku : seni swara, seni sastra, seni musik, seni tutur, seni lukis, lan sapanunggalane. Dene ana sawetara pihak kang duwe panganggep menawa pertunjukan wayang ora mung kesenian, nanging ngemot pralambang. Saora-orane wiwit abad kaping 19 nganti saiki, wayang wis dadi sasaran kajian lan dideskripsekake dening para ahli.
Wayang akeh banget jenise minangka kesenian rakyat utawa kraton, ana wayang golek kang kagawe saka kayu, ana wayang kulit kagawe saka kulit, wayang klithik kagawe saka kayu, wayang beber digambar ana ing kertas utawa kulit lan sapiturute.Sumbere crita saka Ramayana lan Mahabarata, crita-crita Menak, crita-crita Panji, syair-syair kepahlawanan utawa kreasi anyar kang nyritakake prastawa-prastawa anyar.
Saliyane kuwi werna-wernaning wayang iku uga ana kang sinebut wayang wong, kang dipragakake dening uwong, lan wis ana wiwit abad kaping 18. Wayang iki entuk sambutan kang apik saka masyarakat, mula ing jaman sateruse ketok akeh perkumpulan wayang wong. Ing pungkasaning jaman saiki wis akeh museum wayang antarane ing Jakarta lan Ngayogyakarta. Sawetara panaliten nyimpulake, wayang minangka sarana nggambarake alam pikirane piyayi Jawa kang dualistik. Ana rong prekara, pihak utawa klompok kang ora cocok, beda, antarane apik lan ala, babagan lair lan batin, alus lan kasar, Pandawa lan Kurawa. Kalorone nyawiji ana sajrone manungsa kanggo nggoleki keseimbangan. Wayang uga dadi sarana ngendhaleni sosial, umpamane kanthi kritik sosial kang diwujudake lumantar banyolan.
Crita wayang iku duwe struktur formal. Struktur kuwi kedadeyan saka unsur-unsur kang padha gayut antarane siji lan sijine. Unsur-unsure yaiku tokoh, watak,alur, tema, latar, lakon, pesen kang kamot, pitutur (pesan moral) kang kakandhut sajroning crita wayang.

1.             Jenis – jenis Wayang
Jenis wayang ing antarane:
a. Wayang wong, yaiku wayang kang paragane wong, dene critane padha karo wayang purwa.
b. Wayang beber yaiku wayang kang ditontonake kanthi migunakake mori sing digambari banjur dibeber, yen wis rampung banjur digulung maneh. Wayang iki nyritakake lelakone Jaka Kembang Kuning karo Dewi Sekartaji.
c. Wayang klithik utawa wayang krucil yaiku wayang kang dienggo ing kraton nyritakake lelakone Sri Gatayu tekan Panji Kudalaleyan.
d. Wayang wasana, yaiku wayang sing digawe saka kayu gepeng. Wayang iki nyritakake lakon Damarwulan lan Minak Jingga.
e. Wayang madya, yaiku wayang sing njupuk lelakone Parikesit tan turunane kajupuk saka crita babad Tanah Jawa.
f. Wayang gedhog, yaiku wayang sing digawe saka kayu nyritakake lelakone Panji Asmarabangun karo garwane Dewi Sekartaji utawa Candrakirana.
g. Wayang golek utawa Thengul, yaiku wayang kang wujude golekan. Nyritakake lakon Amir Hambyah lan Umarmaya, babone njupuk saka layang Menak.
h. Wayang sadat, yaiku wayang kang nyritakake lakon agama Islam.
i. Wayang suluh, yaiku wayang anggitane Jawatan Penerangan RI kanggo menehi sesuluh (penerangan) marang rakyat.
j. Wayang potehi, yaiku wayang kang nyritakake lelakon Cina.

2. Ubarampe/peralatan Pagelaran Wayang
a. Pluntur yaiku tali/tampar dianggo nggantung rericikaning gamelan.
b. Janget yaiku tali lulang kanggo nyencang kelir.
c. Kelir yaiku lawon/ mori putih kanggo nampani wayanganing (bayangan) wayang lulang/ kulit.
d. Blencong yaiku diyan/ lampu nganggo tedheng dianggo madhangi wayang.
e. Klanthe yaiku tali gong.
f. Jala-jala yaiku tali lulang dianggo mbedheng kelir.
g. Wayang
h. Debog
i. Cempala
j. Kothak
k. Keprak

3. Pralambang ing Pagelaran Wayang
Ubarampe kang digunakake ing pagelaran wayang nduweni perlambang dhewe-dhewe. Dene perlambang mau, yaiku wayang mralambangake manungsa. Kelir nglambangake langit. Debog  nglambangake bumi. Blencong nglambangake srengenge, bulan, lintang. Gamelan nglambangake kebutuhane manungsa (sandhang, pangan, papan). Kothak nglambangake sangkan paran. Gunungan nglambangake urip. Cempala nglambangake jantung. Kepyak nglambangake lakuning getih.

4.Urut-urutaning Pagelaran Wayang Kulit Sawengi Natas
1.      Jejer
2.      Kedhaton
3.      Paseban Jaba
4.      Bodholan
5.      Jejer Sabrang
6.      Perang gagal
7.      Gara-gara
8.      Perang Kembang
9.      Perang Brubuh
10.  Tancep Kayon
B.            Unsur Crita Wayang
Unsur-unsur pembangun crita wayang iku padha karo unsur-unsur crita liyane, yaiku tema, latar/setting, penokohan, alur, pesen, punjering crita/sudut pandang, lan konflik, wos surasane crita, lan gawe ringkesan.

Tuladha crita wayang
BIMA BUNGKUS

Jejer Ngastina. Duhkitaning Prabu Pandu lan Dewi Kunti jalaran lahire ponang jabang bayi kang awujud bungkus. Tan ana sanjata kang tumawa kanggo mbedah bungkus. Kurawa uga melu cawe-cawe arsa mecah bungkus, sanadyan amung lelamisan, bakune arsa nyirnaake si bungkus. Wisiking dewa sang bungkus den bucal ing alas Krendawahana.
Ing pertapan Wukir Retawu Bagawan Abiyasa kasowanan Raden Permadi kang kaderekaken repat punakawan.
“Kanjeng Eyang, kadi pundi nasibipun Kakang Bungkus, sampun sawetawis warsa mboten wonten suraos ingkang sae, bab menika Eyaang, andadosaken duhkitaning Kanjeng Ibu Kunti…”
Tartamtu Sang Winasis kang pancen luber ing pambudi sampun pirsa apa kang dadi lakon.
“Putuku nggeeer, Permadi, mangertiya jer kakangmu nembe nglakoni karmane, ing tembe kakangmu Si Bungkus bakal dadi satriya utama, lan bakal oleh apa kang sinebut wahyu jati…”
Ing Suralaya, Batara Guru nimbali Gajahsena, putra sang batara kang awujud gajah, kinen mecah si bungkus saengga dadi sejatining manungsa. Sang Guru ugi angutus Dewi Umayi kinen nggladhi kawruh babagan kautaman marang si bungkus.
Purna anggennya peparing ajaran marang si bungkus, Dewi Umayi aparing busana arupa cawat bang bintulu abrit, ireng, kuning, putih, pupuk, sumping, gelang, porong, lan kuku Pancanaka.
Salajengipun, Gajahsena mbuka bungkus. Pecahing bungkus dados sapatemon kekalihipun, kagyat dados lan perangipun. Binanting sang Gajahsena. Sirna jasad sang gajah. Roh lan daya kekiyatanipun manjing jroning angga sang bungkus.
Praptene Betara Narada.
Si Bungkus tumakon marang Sang Kabayandewa, “Heemmm, aku iki sopoh?”
“Perkencong, perkencong waru doyong, ngger, sira kuwi sejatine putra kapindho ratu ing Amarta Prabu Pandudewanata. Sira lahir awujud bungkus, lan kersaning dewa sira kudu dadi satriya utama…, lan sira tak paringi tetenger Bratasena ya ngger…”
Rawuhipun Ratu saking Tasikmadu kang nyuwun senjata pitulungan marang Bratasena kinen nyirnakaken raja raseksa aran Kala Dahana, Patih Kala Bantala, Kala Maruta lan Kala Ranu. Para raseksa sirna. Sekakawan kekiatan saking raseksi wau nyawiji marang Raden Bratasena, inggih punika kekiatan Geni, Lemah, Angin lan Banyu.

DEWA RUCI

Madeg kraton Astinapura. Prabu Dhestarasta kaadhep dening putra mbarebe, Duryudana, Patih Sengkuni lan Pandhita Krepo. Surasane rerembugan ana gandheng cenenge karo peprentahan Astina ing tembe mburine marang para Kurawa, ngengeti para Pandawa wis wiwit dewasa. Duryudana ngesuk bapake, kapan dheweke bakal winisuda dadi Ratu Anom ing Astina. Sawetara Sengkuni mbudidaya mbujuk Prabu Dhestarasta, supaya hak tumrap keprabon lan kraton Astina tetep dadi duweke Kurawa. Sebab yen keprabon lan kraton dibalekake marang Pandawa, kepiye nasibe para Kurawa kang cacahe ana satus bocah? Sawijining cara yaiku ngelongi kuwatane Pandawa. Amarga kekuwatane Pandawa dumunung marang Bima, mula Bima kudu disingkirake.
Dene ing keputren Astina. Dewi Gendari mahargya tekane Prabu Dhestarasta. Dewi Gendari nakokake babagan rantaman wisudane Duryudana dadi Ratu Anom Astina. Prabu Dhestarasta ngendika lagi digolekake wektu lan wayah kang trep supaya ora nuwuhake congkrah karo Pandawa. Dewi Gendari aweh panemu Pandawa kudu disingkirake supaya keprabon Astina tetep dadi duweke Duryudana. Prabu Dhetarasta nerangake lamun panemue Dewi Gendari wis kamot ana rancangane Sengkuni kang bakal ngelongi kekuwatane Pandawa.
Sabanjure Duryudana lan Patih Sengkuni nganakake pasatemon karo Dursasana, Kartamarma, Citryuda, Durmagati, Citraksi, lan saperangan Kurawa liyane. Patih Sengkuni nyaranake supaya Duryudana njaluk pambiyantune Pandhita Durna kanggo nyingkirake Bima. Carane manut marang Pandhita Durna, kang baku ora ngelok-ngelokake langsung para Kurawa. Sengkuni uga mrentah Kartamarma supaya ngerahake Kurawa menyang Sokalima. Menawa Pandhita Durna gagal ngojok-ojoki Bima, Kurawa kudu tumindak cekat-ceket. Kroyok lan pateni Bima ing Sokalima. Duryudana lan Sengkuni banjur budhal, banjur disusul dening Kurawa liyane.
Lagya kang ana ing pertapan Sokalima. Pandhita Durna kaadhep dening anak siji-sijine, Aswatama. Ora let suwe Duryudana lan Sengkuni teka. Sawise ngabarake keslametan, Duryudana ngandhakake niyate njaluk pambiyantune Begawan Durna supaya nyingkirake Bima. Iki kanggo waluyaning keprabon Astina marang para Kurawa. Wiwitane Begawan Durna kabotan. Nanging Sengkuni lan Duryudana ngesuk kanthi cara ngundhamana dedununge Resi Durna ing Astina kang ora ucul saka lelabuhan lan lomane Prabu Dhestarasta. Kasurung saka utang budi, Resi Durna tundhone saguh mujudi panjaluke Duryudana.
Sawise Sengkuni lan Duryudana lunga, Resi Durna banjur nyeluk Bima. Kanthi alesan kanggo ngluhurake Pandawa, Bima dikongkon golek banyu panguripan Tirtapawitra menyang gunung Candradimuka. Bima sanggup banjur enggal-enggal budhal.
Nalika semana kang ana ing pinggire gunung Candradimuka. Ing perenge gunung Candradimuka nalika Bima lagi ngembrukake wit-wit gedhe lan njegol watu-watu gedhe nggoleki Tirtapawitra, njedhul buta loro cacahe, Rukmuka lan Rukmakala. Kalorone buta mau nglarang ngrusak tatanan panguripan ing gunung Candradimuka lan Tirtapawitra ora ana ing gunung kuwi. Dumadi gesehe panemu, banjur dadi bandayuda. Amarga saka ampuhe kuku Pancanaka, Bima kasil mateni Rukmuka lan Rukmakala, sawise mati jasade badhar dadi Bathara Indra lan Bathara Bayu.
Bathara Indra nerangake, lamun Tirtapawitra ora ana ing gunung Candradimuka. Bima didhawuhi bali ngadhep marang Resi Durna njaluk katrangan kang cetha dununge Tirtapawitra. Bima manut. Dheweke bali menyang Sokalima nemoni Resi Durna. Dene Bathara Indra lan Bathara Bayu bali menyang kahyangan.
Gumelar ing ereng-erenge gunung Cadradimuka. Arjuna lan Yamawidura ketemu karo rombongan Kurawa. Dumadi bedaning panemu kang ndadekake pasulayan. Arjuna lan Yamawidura dikroyok dening Kurawa. Bejane nalika Arjuna lan Yamawidura kadhesek, Bima teka langsung mbiyantu dheweke ngoyak Kurawa. Bima ngomong marang Arjuna lan Yamawidura yen Tirtapawitra ora ana ing gunung Candradimuka. Dheweke saiki arep bali menyang Sokalima arep njaluk kapesthen Resi Durna, ana ngendi mapane Tirtapawitra. Katelune banjur pisah lakune. Bima menyang Sokalima, dene Arjuna lan Yamawidura bali menyang kaputren Astina arep nemoni Dewi Kunti lan kluwarga Pandawa liyane.
Bali ing Pertapan Sokalima. Resi Durna nampa tekane Bima. Kanthi ringkes Bima ngandhakake lamun Tirtapawitra ora ana ing gunung Candradimuka. Dheweke uga ketemu karo buta loro panjalmane Bathara Indra lan Bathara Bayu. Dewe kalorone ngendika ing gunung Candradimuka ora ana sing jenenge Tirtapawitra. Resi Durna ngandhakake, dheweke ndhawuhi Bima menyang gunung Candradimuka mung kanggo nguji kesabarane Bima. Amarga Bima pancen santosa lan kuwat kekarepane, mula saiki dheweke nuduhake panggonan mapane Tirtapawitra, yaiku ing dhasare samodra. Bima langsung pamit arep tumuju menyang segara kidul.
Gelare kaputren Astina. Dewi Kunti lan Puntadewa nampa tekane Arjuna lan Yamawidura. Yamawidura ngandhakake kabar ketemu karo Bima ing gunung Candradimuka. Bima durung kasil nemokake Tirtapawitra, mulane dheweke bali menyang Sokalima nemoni Resi Durna. Ora let suwe Bima teka. Bima nyuwun donga pangestune ibu kan sedulure arep nggoleki Tirtapawitra ing dhasare samudra cundhuk karo dhawuhe Resi Durna. Dewi Kunti, Puntadewe, Yamawidura, lan Arjuna mbudidaya ngalang-ngalangi Bima supaya murungake niyate golek banyu suci Tirtapawitra. Dewi Kunti ngandhakake yen barang kuwi ora ana. Kabeh mau mung rekadayane Resi Durna kang arep nyilakani Bima. Nanging Bima tetep mantep marang kapercayane, lamun minangka guru, Resi Durna ora bakal nyilakani muride dhewe. Dhawuhe guru kudu ditindakake dening murid. Tundhone Bima budhal nggoleki Tirtapawitra ing dhasaring samodra. Dewi Kunti dhawuh marang Yamawidura lan Arjuna ngawat-awati lakune Bima.
Ing dhasare samodra ana ula ngadhang lakune Bima. Pasulayan rame dumadi. Kalorone mbudidaya nyilakani siji lan sijine. Tundhoning pasulayan, Bima mateni ula kuwi, nanging dheweke uga semaput kena gitikane buntut ula mau. Bima klelep tekan dhasare samodra.
Katon Dewa Ruci lagi pasatemon karo Bima. Dewa Ruci takon apa kekarepane Bima njegur nganti ing dhasaring samodra. Bima njlentrehake, yen dheweke nindakake dhawuhe gurune, Resi Durna supaya nggoleki banyu panguripan Tirtapawitra. Dewa Ruci nerangake, dene Tirtapawitra ora mapan ana ing gunung Cadradimuka, apa dene ing dhasare samodra. Tirtapawitra sejatine mapan ana ing dhiri pribadine Bima dhewe, kang wujude inti niyat kanggo tumindak jujur lan berbudi luhur, sarta ngenggonake rasa kurmat marang sapadhane. Nindakake kabecikan tanpa pamrih, tresna marang sapadhane kaya dene tresna marang awake dhewe. Saka Dewa Ruci, Bima antuk ajaran / wejangan babagan ilmu kasampurnan, ing antarane njlentrehake babagan asaling dumadi, sangkan paraning dumadi, lan tataraning dumadi.Bima banjur didhawuhi bali menyang Astina nglumpuk karo ibune lan sedulure, amarga isih akeh kewajiban kang kudu ditindakake.
Ana kedadeyan ing gisiking samodra. Arjuna lan Yamawidura geseh panemu maneh karo Kurawa kang dipandhegani dening Sengkuni kang lagi gawe pager betis ing pinggire samodra. Pasulayan ora isa diendhani maneh. Kurawa ngroyok Arjuna lan Yamawidura. Bejane nalika kalorone kepepet, Bima jumedhul saka njeroning samodra. Ngreteni Arjuna lan Yamawidura dikroyok Kurawa, Bima banjur cekat-ceket mbiyantu. Kurawa ora bisa nandhingi kridhane Bima, banjur kabeh padha mlayu salang tunjang. Banjur Bima, Arjuna, lan Yamawidura bali menyang Astina.
Nalika semana madeg kaputren Astina. Dewi Kunti kaadhep dening para putrane, Puntadewa, Bima, Arjuna, Nakula, lan Sadewa, sarta Yamawidura. Bima nyritakake pasatemone karo Dewa Ruci ing dhasare samodra, lan entuk wejangan babagan sarining panguripan. Dewi Kunti syukur banget, dene Bima kasil slamet lan lulus saka pacoban kang abot. Dewi Kunti banjur ngajak putra-putrane supaya ngaturake donga marang Gusti Kang Maha Tunggal, supaya kluwarga Pandawa tansah antuk kawilujengan, rahmat lan hidayah-He.




C. Nilai kang kamot sajroning cerita wayang
a.              Tanggap ing sasmita/empati
Tegese saben titah kang urip ing jagad iki kudu duwe sikep empati marang pepadhane,marang pepadhane manungsa, tanduran, lan sato kewan. Amarga sikep empati bakal ndadekake manungsa dadi tanggap ing sasmita marang panguripane lan wong liya lan supaya mangun urip kang tentrem lan ayem. Bab iki kawujud akeh gugon tuhon kang ndadekake sawijining papan utawa tetuwuhan iku dadi sakral. Upamane ora entuk mbebuwang regedan ing sangisore wit ringin, mengko bisa marai meriang. Jan-jane piyayi kuna biyen aweh piweling supaya ora ngregeti tetanduran supaya ora nuwuhake rereget lan penyakit.
b.             Jujur
Bakal elok uriping manungsa lamun bisa nuwuhake rasa jujur mring dhiri pribadi. Kala mangsane jujur iku gampang diucapke nanging angel dilakoni “gedhang wohing pakel, ngomong gampang nglakoni angel”. Ana wae sikep ora jujur iku dumunung ing ati sanubarine manungsa, sanajan akeh becike nanging uga mesthi ana alane. Iki nuduhake dene manungsa iku titah kang ora sampurna. Iki kawujud ing paraga Yudhistira kang kondhang getih putih amarga saking duwe sipat jujur kang luwih saka titah liyane.
c.              Mad sinamadan/ saling menghargai
Panguripan iki bakal krasa tentrem yen titanem rasa mad sinamadan, kang enom ngajeni piyayi sepuh lan kosok balene. Sikep iki kang ndadekake panguripan ing masarakat bisa rukun, ora nengenake rumangsa bisa nanging bisa rumangsa, mula lumakuning bebrayan bisa kekanthenan lan gotong royong. Tuladhane nalika Pandhita Durna maju ing Bharatayuda, ora ana Pandhawa kang wani ngadepi, amarga ngurmati yen piyambake iku gurune Pandhawa.
d.             Tanggung jawab
Ing babagan iki ateges yen manungsa iku urip ing ngalam donya duwe tanggung jawab kang gedhe. Nalika nglakoni tanggung jawab kasebut aja nganti nyenggol marang titah liyane. Kanthi sikep bisa njaga tanggung jawab iki, manungsaora bakal wedi nalika sesrawungan. Wong kang duwe tanggung jawab orabakal tumindak kang sakarepe dhewe, anggone tumindak tansah dirasa kanthi temenan. Saliyane iku wong kang tanggung jawab bakal bisa ngrampungake pagaweyane kanthi tenan. Bab iki kawujud saka lelakone Bima nalika ngupadi Kayu Gung Susuhing Angin kang tundhone ora cetha papan dununge. Nanging amarga rasa tanggung jawab apa kang dumadi bakal dilakoni.
e.              Keadilan
Ngrembug babagan keadilan, ing wayang akeh banget kang diandharake. Adil iku kaya dene jantraning geni ing Hastha Brata. Sikep kasebut bakal mbrastha apa wae kang dadi pepalange lan mbela kang bener sanajan kang diadhepi iku ana sesambungan sedulur utawa waris utawa wong kang duwe pangkat.
f.              Ngabdi mring negara/Loyal pada Negara
Awake dhewe kudu duwe sikep kang loyal marang negara amarga kanthi mangkono bisa mangun lan ningkatake drajat panguripan, ngleluri, nglastarekake alam sakiwa tengene. Amarga sapa kang tumindak migunani marang liyan iku bakal gawe kabecikan tumrap dhiri pribadi lan lingkungane. Ing crita wayang ana sawijining crita kang nuduhake sikep loyal marang negarane, yaiku critane Raden Kumbakarna kang gugur mbelani negara lan ora mbelani sedulure. 

BAB 1 WEDHATAMA PUPUH SINOM

Samangsane pasamuwan
memangun marta martani
sinambi ing saben mongsa
kala-kalaning asepi
lelana teki-teki
gayuh geyonganing kayun
kayungyun eninging tyas
sanityasa pinrihatin
pungguh-panggah cegah dhahar lawan nendra

Saben mendra saking wisma
Lelana laladan sepi
Ngingsep sepuhing sopana
Mrih pana pranaweng kapti
Tistising tyas marsudi
Mardawaning budya tulus
Mesu reh kasudarman
Neng tepining jalanidri
Sruning brata kataman wahyu dyatmika
                                          (Wedhatama,Mangkunegara IV)

“Ing pasrawungan bebrayan agung,kudu bisa mangun sikep tepa slira. Rikala wektu kang longgar, lan nalika lelana ngambara tapa brata, nggayuh kanugrahan, dumunung ing papan sepi, kudu didhasari ati kang bening, ora duwe kekarepan ala, lan tansah njaga ati kanggo prihatin kanthi nyuda mangan lan turu. Saben metu saka ngomah, tumuju ing papan sepi adoh saka hawa nepsu, mersudi ngelmu luhur, supaya cetha kang dadi gegayuhaning urip. Ati kudu duwe tekad tansah ngupadi kanthi tekun, marsudi akal pikiran lan ngendhaleni rasa tresna asih, mapan ing tepining samodra ngajab entuk kanugrahan saka Gusti.”
          Kanggo  ngadepi jaman kang wis owah jluntrunge iki, wong Jawa kudu duwe lan nindakake watak kang utama, berbudi bawa leksana, netepi pangandika, sarta dikantheni rasa ikhlas, lila legawa, nindakake jumbuhing patrap lan pangucap.
                Sejatine, umpama manungsa iku panguripane tansah netepi lan nggunakake unggah-ungguh basa utawa tata pranataning basa miturut lungguhing tata krama ing pangucape, tartamtu bisa gawe urip guyup rukun, ora ana congkrah, lan pasulayan. Sikep manungsa kang kalebu nggambarake paugeraning urip becik, yaiku kang bisa nuwuhake rasa lan pangrasa sejatining urip, lan bisa nuduhake jati dhiri marang wong liya jumbuh karo kalungguhane. Manungsa tansah mersudi lan tanggung jawab, urmat marang wong liya, andhap asor.
          Sikep adigang, adigung, adiguna aja nganti tansah digatekake lan diugemi. Aja nganti rumangsa luwih kuwat, luwih kuwasa, luwih pinter, kepara kudu sing bisa rumangsa, lan aja rumangsa bisa. Giri lusi janma kena ingina.
             Menawa dirasakake, dadi wong aja nganti sakepenake dhewe, dupeh bisa ngomong banjur ora mawas wektu lan panggonan, ora ngatekake karo sapa rembugan, kudu eling yen ajining dhiri gumantung kedaling lathi. Malah kepara, sejatine unen-unen aja dumeh iku bisa digandhengake karo bab apa wae. Aja dumeh sugih banjur sumugih, aja dumeh pinter banjur keminter, dumeh kuwasa banjur kumalungkung. Nulad saka pangerten sempalan tembang ing Serat Wedhatama yasan KGPAA Mangkunegara IV kasebut, nyata lamun manungsa urip ing ngalam donyo iki kudu bisa njaga guyub rukun lan katentreman ing bebrayan agung, tansah gawe seneng marang wong liya. Mula tansah dadi pengeling-eling lan rasa syukur yen ing papan dununge awake dhewe tansah urip rukun, ayem, tentrem karo tangga teparo.
            Andharan minangka tuladha saka sakehing kasusastran Jawa kang rinakit dening para pujangga-pujangga agung ing tlatah Nuswantara, mligine ing tanah Jawa. Kasusastran kasebut awujud tembang macapat Sinom. Mula ing wulangan iki putra siswa bakal nyinau babagan tembang sinom. Kang bakal disinau yaiku babagan pathokan tembang, watak tembang, makna tembang, lan pungkasane iso ngonceki wos surasane tembang lan gawe tembang sinom kanthi tema tinamtu. Saliyane iku, putra siswa uga dijaluk isa mangun rasa syukur marang Gusti lan ora gawe kapitunaning bebrayan agung,

A.           TEMBANG SINOM
1.      Pangertene Tembang Sinom
Sinom iku ateges anom, taruna, srinata, roning kamal, pangrawit, weni, logondhang, lan sapiturute. Sinom duwe karep pucuke godhong kang isih kecut. Anggitane Kanjeng Sunan Giri Kadaton. Iki cocok kanggo pambuka crita nanging uga kudu nulad papan panggonan.
2.      Pathokan tembang Sinom
SINOM
Guru wilangan
Guru lagu
Guru gatra
8
a
9
8
i
8
a
8
i
7
i
8
u
7
a
8
i
12
a

3.      Watak tembang Sinom
Watake tembang Sinom iku tresna asih, canthas, trengginas. Cocok kanggo bab-bab kang sarwa lincah, nggambarake sipat kang cukat trengginas, lan sapiturute.

4.      Makna tembang Sinom
Sinom iku maksude enom. Tembang iki nggambarake wayah enom, watake golek pangalembana utawa grapyak, luwes, gampang srawung. Pancen nom-noman biyasane seneng sesambungan/kekancan, pinter ngomong utawa srawung kang golek kanca/kadang lan narik kawigatene liyan. Nglambangake wayah isih jejaka/prawan.

5.      Tuladha tembang Sinom
5
6
6
6
6
6
6
6




nu-
la-
dha
la-
ku-
u-
ta-
ma




5
6
6
4
5
6
65
5




tu-
mrap-
e
wong
ta-
nah
Ja-
wi




5
6
6
6
5
3
3
21




Wong
A-
gung
ing
Ngèk-
si-
gan-
da




1
2
3
2
1
6
5
6




Pa-
nêm-
bah-
an
Se-
na-
pa-
ti




1
2
2
2
2
1
23





ka-
pa-
ti
a-
mar-
su-
di





1
1
1
2
1
6
1
2




su-
da-
ning
ha-
wa
lan-
nêp-
su




6
1
1
1
1
1
1





pi-
nê-
su
ta-
pa
bra-
ta





1
2
3
2
1
6
5
6




ta-
na-
pi
ing
si-
yang
ra-
tri




6
1
2
3
2
2
2
2
3
21
6
12
a-
mê-
ma-
ngun
kar-
ye-
nak
tyas-
ing
sa-
sa-
ma

6.             Wos kang kamot ing tembang sinom (Wedhatama)
a.   Serat Wedhatama aweh pangalembana marang wong kang seneng ing sikep luruh (wus sengsem reh ngasamun), asipat aweh pangapura lan sabar. Sajroning sepi, ati kang wengis bisa sirna amarga tresna asih (karana karoban ing sih).
b.   Serat Wedhatama uga nengenake kadewasaning akal, pikiran,rasionalitas utawa intelektual. Bab iku kawujud ing pamawase manungsa dene ngelmu iku kudu lumaku kanthi nalar (logika) (ngelmu iku mupakate lan panemu) lan iku kabeh bisa digayuh kanthi tapa prihatin (pasahe lan tapa).
c.   Babagan karakter lan prilaku kang becik (laku utama), Serat Wedhatama menehi tuladha Panembahan Senopati. Piyambake temen-temen anggone meper hawa nepsu (kapati amarsudi sudaning hawa lan nepsu) kang dilakoni kanthi tapa (pinesu tapa brata). Piyambake  ngupadi tansah gawe seneng atining liyan lan ing saben pasamuan tansah gawe tentrem. Nalika ngumbara ngupadi nugraha  (kala kalaninga sepi lelana teki-teki), nggayuh pangarep-arep (nggayuh geyonganing kayun), kang kesengsem tentreming ati (kayungyun enining tyas), tansah nglakoni prihatin, bisa ngendhaleni mangan lan turu (puguh panggah cegah dhahar lawan nendra). Saben mendra saka kraton, piyambake ngumbara ing papan sepi supaya entuk ngelmu kasampurnan lan cetha apa kang tinuju (lelana laladan sepi). Ancase supaya alus budine (budya tulus) lan kabisan kang murwat (mesu reh kasudarman). Ing pinggir samodra piyambake mahami kekuwatane samodra kang kaya-kaya bisa digegem.
d.  Serat Wedhatama ngajarake babagan telung nilai kang bisa ngangkat drajate manungsa, yaiku pangkat, bandha, lan kapinteran. Yen manungsa ora duwe salah sijine, mula ora ana gunane dadi manungsa, malah isih kajen godhong jati, tundhane dadi wong kabur kanginan/ora duwe papan dunung.
e.   Serat Wedhatama ngajarake babagan telung perkara kang  dadi cagaking panguripan yaiku lila yen kelangan, sabar nalika entuk pacoban, lan nrima ing pandum pasrah sumarah mring Gusti.
f.  Serat Wedhatama ngedohi sipat angkara murka yaiku nesu kang tanpa alesan  nutupi kaluputane dhewe, milara mring liyan, pengin dianggep pinter sanajan bodho lan tansah duwe pamrih.
Manungsa kang luhur bebudene iku seneng ing papan sepi, reresik jiwa, nanging tansah nglakoni kuwajibane, asipat ruruh lan gawe seneng atining liyan.

BAB 5 AKSARA JAWA REKAN

Aksara rekan iku satemene aksara Jawa kang kareka amarga durung ana ing aksara Jawa. Aksara rekan gunane kanggo nulis tembung manca kang d...